Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
6. TRIPAMA

Ḍanḍang gula.

  1. Jogjanira kang para pradjurit, lamun bisa sami anulada, duk ing nguni tjaritané, andelira Sang Prabu, Sasrabau ing Maèspati, aran patih Suwanda, lelabuhanipun, kang ginelung triprakara: guna, kaja purun ingkang dèn antepi, nuhoni trah utama.
  2. Liré lelabuhan triprakawis, guna bisa saniskarèng karja, binudi dadi unggulé, kaja sajektinipun, duk mbantu prang Manggada nagri, ambojong putri ḍomas, katur ratunipun, puruné sampun tetéla, aprang tanḍing lan ditya Ngalengka Adji, Suwanda mati ngrana.
  1. Wonten malih tuladan prajogi, satrijagung nagari Ngalengka, Sang Kumbakarna namané, tur iku warna diju, suprandéné nggajuh utami, duk awit prang Ngalengka, dènnja darbé atur, mring raka amrih rahardja, Dasamuka tan kéguh ing atur jekti, dé mung mungsuh wanara.
  2. Kumbakarna kinèn mangsah djurit, mring kang raka sira tan lenggana, nglungguhi kasatrijané, ing tékad datan purun, aming tjipta labuh nagari, lan nolih jajah réna, mjang leluhuripun, wus mukti anèng Ngalengka, mangké arsa rinusak ing bala kapi, punagi mati ngrana.
  3. Jogja malih kinarja palupi, Surjaputra narpati Ngawangga, lan Panḍawa tur kadangé, lèn jajah tunggal ibu, suwita mring Sri Kurupati, anèng nagri Ngastina, kinarja gul-agul, manggala golonganing prang, Bratajuda ingadegken sénapati, ngalaga ing Korawa.
  4. Minungsuhken kadangé pribadi, aprang tanḍing lan Sang Danandjaja, Sri Karna suka manahé, déné sira pikantuk, marga

21