kaputer sarana mèdjèt knopé) bandjur krasa silir banget. Sapa wongé sing ora pada ngantuk.
Aku ja krasa ngantuk, mulané kursiku tak djengataké memburi, mèh sak kursi males. Luwih-2 aburé pesawat anteng banget. Tanpa gojang siṭik-siṭika. Penumpang-2 énggal bisa turu.
Bu Stewardess tansah wira-wiri karo nggawa soklat utawa premèn, terkaḑang madjalah-2 prelu didum utawa kasili haké marang para penumpang, preluné karebèn paḑa kelipur. Tjekaké para penumpang tansah diudi supaja adja nganti ketjuwan.
Jèn ndeleng iku kabèh, aku bandjur ngreti, semono tumatané organisasiné, saja suwé saja sampurna. Kanggo nuduhaké sepira tumatané pranatan utawa organisasiné, aku bisa kanḍa mengkéné:
Jèn penumpang wis olèh tikèt (kartjis) — kang tukuné ana ing kantor kang dumunung ana ing kuṭa, dadi ora ana ing setasijuné utawa lapangan — dina lan djamé wis ditemtokaké lan katulis ing kartjis mau, penumpang bandjur tjepak-2 lan njațetaké ing lokèt kang wis ditemtokaké. Ing tjaṭetan mau disebutaké djeneng, boboté lan papan sing ditudju. Jèn nggawa barang-2 akèh uga ditjaṭet.
Jèn wis wantjiné, penumpang2 diundangi mbaka sidji lan ngumpul ana ing „kamar tunggu.” Manawa wis rampung, bandjur paḑa diirid déning Stewardess menjang pesawat kang wis sumaḑija. Arepé mlebu cabine, ija ndadak diundangi manèh. Jèn wis pada lungguh srog, bandjur diénggal njentjang bangkékané sarana sabuk kang wis kaseḍijakaké. Manawa ana penumpang durung prigel njabukaké, Stewardess kanți trengginas njeḍaki lan mrenahaké. Kabéh mau katindakaké kanți ulat sumèh. Semono uga punggawa lija-lijané tangkepé grapjak kabèh.
Lo, semono rapiné organisasiné.
Tja, kantja kabèh, seméné baé olèh-olèhku anggonku nḍèrèk bapak mabur, èh, nas, klèru manèh, nunggang montor mabur ḑing, wong ora duwé suwiwi kok mabur. Bareng aku wis ngrasakaké lan siṭik rong iṭik uga weruh kaanané, aku bandjur kepéngin nggebjur ing kalangan angkatan udara. Mung kutjiwa sadjaké dedegku ora ngolèhaké. Ning éwasemono arep taktjoba. Kiraku ing tembé negara kita iki banget mbutuhaké anané angkatan udara sing pengpengan lan marga saka iku wis mesṭi baé mbutuhaké tenaga² kang maneka warna. Saka pangrunguku utawa ja negara ngendi baé,
19