luwih gedé paédahé tinimbang ḍuwit. Kapinteran iku bisa ngunḍakaké bebatèn. Djalaran jèn pinter golèk bați akèh, uwong lan baranggelem mbantu panggaotan mau. Pada mènèhi utangan ḍuwit (kredit) marang panggaotané. Kredit iku prelu banget kanggo ngedegaké panggaotan sing ora duwé pawitan geḍé.
Panggaotan sing bebațèné akèh, ora susah golèk uwong sing gelem mènèhi kredit; si uwong mara déwé takon apa panggaotan gelem diwènèhi kredit.
Keprijé wong-wong bisané weruh jèn panggaotané ana baṭiné? Mestiné ora mung ngandel kanḍané sing duwé panggaotan baé, nanging kudu ana tanḍa jektiné ing buku-buku panggaotan.
Dadi wosé karangan iki mengkéné. Sing prelu tumrap panggaotan iku pawitan lan kapinteran kanggo ngubengaké pawitan. Pawitané ora susah akèh-akèh. Sing prelu ḍéwé kapinteran golèk bati. Kanggo panggaotan geḍé pawitané mesṭi baé ja kudu geḍé. Geḍéning panggaotan ora mung gumantung saka geḍéné pawitané sing duwé (pawitan pokok). Uga gumantung saka kapinterané golèk bebaṭèn lan ngubengaké pawitan. Jèn pinter, ja akèh baṭiné; bab kredit kanggo ngedegaké panggaotan mono gampang, mengko rak teka ḍéwé.
„KEDJAWÈN"
...........................................................
Pesawaté ndadak nḍarat lan penumpangé paḍa mangan ana ing setasijun, iku jèn trajèké adoh, upamané Djakarta-Médan, ngasoné ana ing Talangbetutu tjeḍak Palémbang. Nanging jèn trajèké mung antarané Djakarta-Ngajodja waé, penumpang² mau mung ditjawisi roti ana ing ḍuwur baé.
Umumé para penumpang mau jèn wis paḍa mangan bandjur paḍa krasa ngantuk. Pantjèn, la wong hawané aḍem, jèn kitirané kaputer (saben palungguhan ing sisih ḍuwuré ana kitirané lan gampang
18