Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ana tulaḍa manèh, nanging saka bangsa pribumi ḍéwé kang kena ditiru. Mesṭiné saben uwong krungu djenengé tuwan Nitisemita, jaiku bangsa pribumi sing duwé pabrik rokok krètèk geḍé ing Kudus. Tuwan Nitisemita bijèn-bijèné ija mung nglintingi déwé ana ing omahé, sing ngréwangi mung anak bodjoné. Nanging marga saka sregep o èhé njambut gawé, lan manèh nrima saanané tur gemi, panggaotané alon-alon madju, saja suwé saja dadi gedé. Saikiné wis nduwèni pabrik geḍé. Dedongèngané tuwan-tuwan pabrik pribumi kang geḍé-geḍé ing Kudus - ing Kudus iku kedjaba tuwan Nitisemita, isih ana sing duwé pabrik geḍé-gedé iku sing akèh ija mèh paḍa baé lelakoné tuwan Nitisemita; jaiku ing kawitan uripé gemi lan narima saanané, panggaotané bandjur bisa digeḍèkaké. Ija akalé lan kapinterané iku sing marahi olèh baṭi.

Pawitan jèn mung wudjud ḍuwit tok, ora bisa dadi geḍé. Bisané olèh baṭi jèn dilakokaké. Ḍuwit jèn disimpen ana ing peți senadjan nganti 100 taun pisan, ora bakal munḍak saksèn. Alas kebak kekajon ora ana pangadjiné jèn mung dienengaké baé. Tjekaké, pawitan arepa arupa duwit utawa rupa barang, ora ana gunané jèn ora dilakokaké. Pawitan mau sabeneré mung kena kanggo dalan golèk bebaṭèn.

Apa panggaotan kang pawitan tjilik bisa dadi geḍé? Bab iku gumantung saka uwong kang nglakokaké pawitan mau. Uwongé ora mung kudu bisa golèk baṭi baé, nanging kudu pinter njimpen lan ngubengaké baținé. Éman temen uwong sing pinter ngubengaké duwité (nganti bisa dadi panggaotan geḍé) mung seṭiṭik.

Mèh panggaotan geḍé-gedé mau-mauné mung wiwit saka tjilik- tjilikan baé. Akèh uwong pada ḍemen ndeleng panggaotan sing gedé utawa kepéngin duwé panggaotan kang mengkono iku. Nanging ora ana sing duwé pangira seṭiṭik-ṭiṭika, sepira kangèlané wong ngedegaké panggaotané mau. Sing prelu déwé kudu sabar; ora ana uwit ditandur bandjur metu wohé. Si uwit kudu dirumat sing apik disik, dilemèni lan sapanunggalané, lagi bisa metu wohé: semuné si uwit kaja males kabetjikan marang sing nandur.

Mèh saben uwong ngedegaké panggaotan kawitané mung nganggo ḍuwité ḍéwé, sanadjan duwité mung seṭiṭik. Mung pangarep-arepé sing geḍé, bisaa baṭi akèh.

Wong duwé panggaotan kudu pinter golèk baṭi. Kapinteran iku

Mardjana-Samoed, Patjitan I. 2

17