Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/120

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
32. MÈNGETI 10 SURA, SATUNGGALING DINTEN INGKANG "BERIWAJAT"

Wiwit djaman kina makina, djaman pendjadjah ngantos dumugi samangké lan ngatos akiring djaman, 10 Sura tansah dipun pèngeti déning bangsa kita Djawi chususipun.

Sawenèh sarana nganggé wiludjengan Suran „djenang manggul” kendurèn lan sanès-sanèsipun. Sabab ing salebetipun 10 Sura punika kaṭah pinten-pinten kadadosan riwajat dedongéngan, lelampahanipun para andika Nabi-2 djaman kina, ingkang manawi kita titi priksa lan kita èstokaken, lelampahan ummat ingkang sampun-2 punika dados tepa tulaḍa (katja benggala) kanggé ummat ingkang kantun, makaten ugi saladjengipun.

Inggih ing salebetipun tanggal 10 Sura punika pinten-2 kedadosan, kadosta: wiludjengipun Nabi Nuh lan sapanḍèrèkipun ingkang sami nitih baita, wiludjeng saking plaḍu topan, ingkang anggegirisi sanget. Ing wekdal samanten para tetijang sami risak watak, watek budi pekertinipun, lelampahan awon sampun kaanggep biasa. Nabi Nuh adjak-2 dateng kasaénan boten kagega malah kamengsah, akiripun Pangéran paring bebendu ḑateng ummat ingkang mbaléla, kosok wangsulipun nulungi ḍateng kawulanipun ingkang leres saé-2 inggih Nabi Nuh sapanḍèrèkipun. Makaten ugi wonten ing 10 Sura wiludjengipun Nabi Musa saking daksijanipun radja Firngon ingkang angkara murka, niksa ninḍes, andjadjah ḑateng rakjat saking takeburipun ngantos ngaken Pangéran, sanadjan kawon maton „alasanipun” kalijan Nabi Musa meksa boten tunḍuk, malah sumedya medjahi Nabi Musa, ananging sarana pitulunganipun Gusti Allah ugi, Nabi Musa menang (wiludjeng). Firngon sabalanipun kablebek pedjah wonten ing saganten Abrit. Makaten ugi sédanipun Sajidina Chusèn putranipun Baginḍa Ali (putra mantunipun Kangdjeng Nabi Muhammad s.a.w.) ugi kaleres wonten ing tanggal 10 Sura. Ingkang sédanipun wau „sebagai sardjana perwira” (kasatrija) tinimbang gesang wonten ing tangan mengsah langkung saé „hantjur lebur.”

Para maos. Makaten sawenèh lelampahan-2 ingkang dumadosipun kaleres tanggal 10 Sura ingkang tansah kita pèngeti. Sasampunipun kite wigatosaken mugi andadosna katja benggala tumrap kita sadaja gesang wonten ing ngalam donja; kados pundi kasabaranipun para

118