Lelampahan ingkang badé kula aturaken ing nganḍap punika kedadosan ing mangsa rontog ing taun 1944, ing nagari Walandi sisih kidul. Kala samanten ALLIED FORCES (Wadya Sarékat) sami nḍesuk madjeng dateng lèpèn Maas ing propinsi Limburg. Sakubenging sungapanipun lèpèn Schelde dados gelanggang perang, dedreg sanget. Penduduk Walandi ing propinsi lér-léran rikala samanten nanḍang papa tjintraka. Manawi dalu sepen njenjet; sok wonten garis abrit mengangah ginarèt ing akasa; sandjata V2 mangkat pados memangsanipun ing kéblat kidul utawi kilèn. Rikala samanten wontenipun namung..... adjrih..... kuwatir....., manah ḍeg-degan. Batosing tijang ingkang tangi tilem:,,Apa aku isih menangi soré iki?" Pudjining ingkang mapan tilem:,,Muga-2 bengi iki aku pada slamet ora kurang apa-2."
Rikala geter-geteripun patjampuhan ing sakiwa tengenipun lèpèn Schelde, wonten tijang dalu-2 kabekta dateng Intelligence Officers Inggris lan Kanada. Pijambakipun bakul ing dusun Woensdrecht tjarijos bilih datengipun punika kautus ing barisan sandi, prelu nglapuraken patjak barisipun wadya Djerman sarta tatananipun mrijem-2 Djerman. Anggènipun saged mangretos prakawis-2 wau, margi manawi dong ngideraken barang-barangipun pijambakipun saged ngumbar mripat lan kupingipun. Malah anggènipun mubeng-2 saged dumugi Sperrgebied (tanah ingkang sampun boten kénging dipun ambah tijang limrah; kebak rintangan).
Opsir-2 Sekutu anggènipun mirengaken kodjahipun tijang gaḍah wandé inggih klawan ngatos-atos lan sanggarunggi, nanging boten njepèlèkaken babar pisan, awit sampun pinten-2 dinten artillerie Djerman ngabul-abul laladan ingkang kaambah salebetipun njerang madjeng. Dados bapak saking Woensdrecht inggih dipun pirengaken kabaripun, bok bilih saged migunani. Ngretos ḍateng papan padununganipun mengsah punika wigatos saèstu salebeting paperangan.
Tijang ingkang gaḍah wandé njarijosaken, bilih ingkang mangagengi garis pananggulang Djerman punika Komandan Djerman,
namanipun Karl Schmidt, sampun atul sanget kalijan tanahipun ingkang kebak wana lan rawa. Pijambakipun sampun ndjagèkaken
perang-djagangan ingkang dangu sanget, langkung-2 ing mangsa.
115