Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/116

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
30. GUDEG NGAJODJA

Saka réka-dajané Bupati Bantul sing disarudjuki rakjat 46 kalurahan saka 76 kalurahan, gula distribusiné rakjat dipasrahaké supaja didol déning kabupatèn. Duwit bebatèné kanggo pawitan koperasi kabupatèn Bantul telung duman distribusi gula bisa duwé pawitan f 100.893,50.
Pantjèn gula iku ora mung legi rasané, bebațèné wong adol gula ija „legi”, Pak Besut ngarep-arep adja nganti ana wong sing ngemut leginé gula...
Manut pranatan, Djawatan Distribusi iku mung awèh idin. Sing ngedum gula arané „grossier”, jaiku wong sing duwé duwit kena kanggo mbajar, mesti baé wong mau oleh bați.
Amrih batiné tumiba rakjat, déning Bupati Bantul diakal sing nandangi dadi „grossier” dianakaké bebadan sing tanpa bajar. Akal kaja ngono mau ing saben sasi bisa ngedjogi kas koperasi kabupatèn f 13.897,88.
Terang nèk gula iku ija „legi” batiné. Duwit f 75.000 sadjroné sawatara dina bisa olèh bați f 13.000 luwih. Nèk batiné tiba marang rakjat, bisa uga bésuk rakjat „kebandjiran segara madu”. Muga-2. Manut dasaré, duwit bebațèn adol gula mau tetep haké rakjat. Sing sapérangan kanggo pawitan koperasi kabupatèn, lijané koperasi kalurahan. Rakjat sing duwé duwit olèh buku tanda, nèk duwé duwit sing ditulis djeneng lan tjatjahé duwité.
Genahé, sarèhné rakjat ora nampa gula bandjur nampa „aandeel” ing koperasi, Pak Besut memudji, muga-2 ing akiré rakjat tampa duwit temenan ora mung tampa buku isi angka.
Amrih bisa kalakon ngono, Bupati Bantul wadjib „nanggung djawab”. Ora tanggung nèk mesti bisa ndjawab lo, Kangdjeng.

PAK BESUT „DIRGAHAJU”

114