Merak, Anjer, Tjaringin ing pasisir Banten, kainggahan alun ageng-2 saredi anakan, ngantos pinten-2 dasa méter tebihipun saking gisik. Ing Teluk Betung wonten baita kaleres labuh djangkar, kabekta ing alun kabutjal ing kebon klapa, kalih pal saking pinggir saganten. Ing kita Djakarta ingkang tebihipun 200 km. saking pulo Rakata, nalika tanggal 27 Agustus, sedinten muput lentéra radinan kapasang, djalaran saking petengipun.
Glegering suwanten ngantos kepireng dumugi ing pulo Ceylon (Hindu)lan ing Australia sisih kilèn sinareng kalijan linḍu ingkang ngébahaken bumi ngantos 3000 km. tebihipun. Awu ingkang sumemprot ing gagana ngantos 25000 m. inggilipun, ngantos pinten-2 wulan boten mandap-2 nutupi surja, ndjalari saben dinten tansah timbreng. Kirang langkung ngantos 2 wulan laminipun saganten Supitan Sunda kados katutupan sasak séla kambang mimplek-2 mèh boten kénging kapijak.
Sasirepipun gora bentjana wau, katingal bilih redi Rakata sirna saking lumahing saganten, pulonipun itjal ingkang kalih pratigan. Let gangsal taun, kakantunanipun pulo wau saweg ketingal idjem malih, ketuwuhan teṭukulan subur sanget.
Ngèngeti dateng genging karisakan ing taun 1883, kados ingkang katjarijosaken ing nginggil punika, boten anggumunaken, manawi tijang ingkang sami manggèn ing pesisir Supitan Sunda, ing satunggaling dinten ing wulan Djanuwari 1928, sami kekes adjrih sareng kraos wonten linḍu sinareng kalijan kotjaking saganten, sarta saking katebihan ing prenahipun Pulo Rakata ketingal wonten latu mulad-2 kasarengan kukus lan pega kumelun ngantos langkung saking 1000 m, inggilipun. Dipun kinten kijamat taun 1883 wau wangsul malih. Nanging tudjunipun boten makaten. Sareng kapriksa latu wau medalipun saking kawah ingkang taksih katutupan toja, dunungipun ing saantawisipun Pulo Rakata kalijan Pulo Sertung lan Pulo Tamiang. Wiwit samanten ngantos sepriki, sadasa taun laminipun, kawah wau taksih asring murub, tur sitinipun mawi mumbul, ngantos samangké dados pulo, wijaripun dugi-2 wonten 100 m. saking lumahing saganten. Pulo énggal punika kawastanan Anak Krakatau.
K. R. T. A. A. PROBONEGORO - LAMPUNG
113