V. Ing Ngamarta Prabu Juḍistira dèn aḍep para kadang Panḍawa, katamuwan Sri Baṭara Kresna. Nulja praptanira radèn Samba miwah radèn Setyaki ngaturaken salwiring lelampahan. Sri Nata Kresna dahat ngungun. Datan antara praptanira radèn Angkawidjaja sapunakawanira miwah radèn Gatutkatja ngaturaken sadaja lelampahan. Sri Nata Juḍisṭira dahat suka ing drija. Nulja samja kembul bodjana.
Katjarijos redi Krakatau nalika taun 1883, kaleres wulan Mei tanggal 20, ndje blug, andadosaken kagèt saha geteripun tijang-2 ingkang manggèn ing pasisiripun Supitan Sunda. Saja dangu saja mindak ageng kurdanipun, ngantos tengah-tengahipun wulan Djuni, mumbuling uwab saking kawahipun, kaétang ngantos ndungkap 11000 m. Dumugi wulan Agustus salu mahing pulo boten wonten rumput saeler ingkang gesang, sadaja katingal klawu sineling wungu, labet linuruban séla lan lahar. Sampun kados makaten ing semu dèrèng tjekap redi Rakata anggènipun damel pangéram-éraming djagat, tanggal kaping 26/27 Agustus anggènipun ngedalaken gara-2 saja nggegirisi, bantala kados rengkat-reng kata, saganten gondjang- gandjing, alunipun gegulungan, prahara ngidid, langit peteng nḍedet lelimengan, kilat tatit pating tjlorot, binarung bleḍèg ngampar-ampar lan suwanten pating djalegur, latu mulad-2 medal saking kawah kados dipun ububi, séla krikil tumurunipun saking nginggil kados djawah anḍawahi tijang-2 ingkang sami lumadjeng badé ngungsi. Sadaja ingkang sipat gesang ing sakubengipun Supitan Sunda: djalma manungsa, sato wana, kutu-2 walang ataga, tetuwuhan, sami pedjah, manawi boten kabasmi inggih kurugan awu utawi larut kabekta ing alun ingkang minggah ing daratan.
Ing pasisir Banten lan Lampung gunggungipun tijang ingkang katiwasan wonten 36417, dusun ingkang sirna tanpa tilas wonten 165, ingkang risak wonten 130.
112