Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Argakélasa, ing tembé ulun bakal ketemu manèh lawan kita.

Tj.M. -- Nuwun inggih sendika ngéstokaken ḍawuh pukulun.

Tj.R. -- Saka pamawang ulun, kaé kaja radjaputra ing Ngstina. Tjoba jaji dèwi, pajo pada diparepeki.

Tj.M. -- Sumangga kakang pukulun, ulun ḍèrèkaken.

Ngadeg radèn Lesmana miwah kadang Sata
Korawa ing madyaning wana Minangsraja.

Skn. -- Nggèr, Lesmana, iki wis tumeka ing alas Sétragandamaju, ajo nggèr tumuli samadia, seḍeng tumuruning wahju Tjakraningrat.

Lsm. -- Samadi punika kados pundi, Jaaaang?

Skn. -- Ja lungguh nggèr, meneng baé karonseḍakep.

Lsm. -- Mangké ladjeng wonten rerupèn menapa, Jaaaang?

Skn. -- Mengko ana wahju, nggèr, rupané idjo tjumlorot wening.

Dss. -- Wahju, Nggèr, wahju kraton. Sapa sing ketiban wahju mesţi bakal madeg nata ing tanah Djawa, ha! ha! ha! ha! ha!

Skn. -- Wis, Nggèr, tumuli wiwitana. Ajo nggèr Dursasana sakadangmu kabèh, sing rada sumingkir.

Lsm. -- Kula adjrih, Jaaaang jèn dipun tilar.

Skn. -- Ora, ora Nggèr, ora taktinggal mulih, mung saka kadohan baé, sabab wahju kuwi jèn arep tumurun, mangka ana wong akèh, kuwi sok bali.

Mangsah radèn Lesmana, sidakep asluku tunggal, nutupi babahan nawa sesanga, maneges karsaning djawata, bjar padang sumuluh angagètaken. Guragapan Radèn Lesmana mladjar mring unggjaning patih Sengkuni.

Skn. -- Lo keprijé Nggèr, déné mlaju?

Lsm. -- Kula adjrih Jaaaaang.... ketingal tjumlorot padang-padang, adjrih manawi kabasmi, Jang.

Dss. -- Wé lah, béka ané. Wis ora kedadéan iki! Menjang endi nggèr plajuné wahju mau?

Dsm. Mengétan, Man......

Dss. -- Engga Man, ditututi mengétan.

Krw. -- Mangga, mangga, Man, mangga.

108