A.W.-- Aku ora kepareng mulih menjang ing Palang kawati utawa menjang ing Ngamarta, aku diḍawuhi tapa ing Sétragandamaju uga alas Minangsraja, karana ing kono bakal tumuruné wahju kraton tanah Djawa.
Sem. -- É, inggih mangga ta Dèn, kula dèrèkaken.
Gr. -- Wé, la iki rak kodjur djenengé. Tjekaké nèk nḍèrèkaké ndara Angkawidjaja ki lèh bandjur sakresané kuwi lo. Menjang alas: nḍèrèk, munggah gunung: nḍèrèk, menjang segara: nḍèrèk, la kok tapa baé ja nḍèrèk, hara ta!
P. -- La ja iḍep-iḍep mèlu tapa ta kang Garèng.
Gr. -- Tapa kuwi nèk peksan, tumindaké bandjur kanți ngresula, kuwi wis masti kurang pakolèh. Karo déné kowé ndadak mèlu tapa kuwi, sing kok arep-arep apa? Apa anak Semar baé ndadak bisa dadi ratu!
P. -- Ja adja semono kang Garèng, djanma tan kena ingina. Mula ja mèlu adḍang-aḍang tibaning wahju, sapa weruh jèn bisa tumiba marang aku utawa kowé.
Gr. -- Wahju ki apa ta? Rupané keprijé?
P. -- Rupané idjo, tumuruné jèn wajah ésuk, terkadang nganggo biting loro.
Sem. -- Wo, botjah ora genah kuwi, kuwi rak sega tjaḍong, dibuntel godong. La wong kowé ki manuhmu tjremedan mengkono, dadia ratu pisan ja isih baḍutan. Wahju mono tjumlorot arupa tjahja, rupané idjo sumuluh wening.
P. -- La wong aku mung éling idjoné baé.
Gr. -- Karo manèh nèk wahjuné Pétruk ki njengka-njengkané wahju éntuk utangan, nèk wis éntuk utangan ora bisa ngiguhaké.
P. -- Ija durung karuwan, adja pidjer ngina uwong baé!
Sm. -- Lo, Ndara, kok kepireng suwara kemrosak, pating gedebug, ngatos-atos ndara, jèn wonten kéwan galak, kula aturi ngasta dedamel.
106