Menyang kontèn

Kaca:Patjitan (Djilid I).pdf/107

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
III. Ing pratapan Wukir Retawu, Bagawan Abijasa
dèn adep para tjantrik, sowanira Gatutkatja
miwah Angkawidjaja.

Ab. -- Nggèr putuku sakaroné, sira pada rahardja sowanira ana ing ngarsané pun kaki?

G. -- Kawula nuwun Kangdjeng Éjang, nuwun inggih sami basuki. Pangabekti kawula katura ing Kangdjeng Éjang Begawan.

Ab. -- Putuku nggèr kaki Prabu, banget bungahku sira ngaturaké pangabekti, Kulup Angkawidjaja.

A.W. -- Kawula nuwun Éjang Begawan.

Ab. -- Marmané sira ingsun timbali marang ing pratapan, karana ingsun arsa pring dawuh marang djeneng sira, ing sadjroning satjandra iki Sang Hjang Pramèsți arsa nurunaké wahju kraton patang prekara. Marmané ing samengko djeneng sira ajwa wedi kangélan, pada tapa brataa ana ing alas Minangsraja, wahju kraton ajwa tumiba marang lijané darah Pandawa. Nanging nggèr, sing sapa keturunan wahju mau bakal gedé tjobané, marma djeneng sira dèn awas éling lawan waspada.

A.W. -- Terang dawuhipun Kangdjeng Éjang kaparenga kawula ladjeng mangkat ing sapunika.

Ab. -- lja kulup, anggonku mangun tèki iki muga tinemua ing djeneng sira.

Kaki Prabu, nadyan djeneng sira ajwa wedi kangélan, sira uga tapa brataa ana ing alas Minangsraja, ngiras pantes memanuki aḍimu si Angkawidjaja.

G.K. -- Kawula nuwun Kangdjeng Éjang, dateng sendika ngéstokaken dawuh.

Ab. -- lja kulup, muga rahaju tinemua ing djeneng sira.

Angkawidjaja nèng madyaning wana
dèn adep ing panakawan tetiga.

A.W. -- Wa, wa Semar.

Sem. -- É, kula, wonten dawuh, dèn?

A.W. -- Apa kowé saanakmu wus trawatja mungguh dawuhé Kangdjeng Éjang Bagawan?

Sem. -- É, dèrèng ndara, énggal kaḍawuhna kados pundi.

105