Kaca:Panjurung.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

kinumpul iku dibalekake maneh marang para anggotane kanthi simpan pinjam. Perkumpulane bisa disawang. Pamarintah Reformasi lumantar Menteri Koperasi uga paring pambiyantu kang wujud modhal. ara anggota kang durung tamat sekolah SLTP diwajibake mlebu sekolah SLTP Terbuka. Pancen idham-idhamane iku perkumpulan iku luhur banget. Senadyan dadi PLK, nanging yen bisa ing tembene dadia wong kang nduweni kalodhangan lungguh kursi dadi aparat, pejabat, utawa apa wae waton manpaat. Uga saben wulan dianakake temu anggota. Ya ing kalodhangan iku aparat Kepolisian, Dinas Sosial, P dan K uga saka Kesehatan ambyuk nyawiji nggedhekake ati. Iku kabeh ora liya amarga iguh pertikel lan kekompakane para anggota lan pengurus. Ya ing kono iku kaprigelane Narti lan Mamat diuji temenan, Dhasar bendhaharane ayu, jujur, lan .... Lan ketuane mahasiswa pinilih Jurusan Sosiatri. Pokoke tlaten.

Jam 16.00 udane wis tingkas ing desa Gabugan Turi kang gesik, pancen ricig lan resik. Priyantune padha guyub rukun tan ana kang cecengilan. Jan blas ora ana bedane ngisor lan dhuwur, Ora ana kang gumedhe lan kang rumangsa kepidak. Kuwi kabeh ora luput saka “pembinaane” Aparat Terkait lan masyarakat ing kono. Dhasar desa gudhang salak, apamaneh rega salak rada lumayan mula ora mokal akeh sedulur omahe reseg nanging antene “wajan” njenggarang ing awang- awang ora bisa dietung.

Pak Dada asmane kang jangkep Widada, nanging masarakat wis padha ngaturi ya cukuprong wanda mau. Priyayine semanak, grapyak tur enthengan. Tokoh “penggerak” iki pancen luar biasa prasaja nanging penggalihane lantip. Nganti Yu Jem sing bakul janganan wae wani ngendheg kendharaane ing ndalan saperlu nunut. Kang Bejo sing anggota Laras Madya kae uga. Uga ora wigah-wigih ngaturi undhangan latihan. Apamaneh Kang Jimun kang nglatih klenengan kae tepung raket ban pet. Wis ta, pokoke senajan Dada iku wong neneka, nanging wis dianggep sedulur sinara wadi.

Tekan ngomah Dada ora lali nggebyur kancane kang setya tuhu

719