Kaca:Panjurung.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

KETEMUNE JODHO Suprapto

Udane deres temenan, Banyune ndludag lan banjir ngebaki dalan. Riol ing pinggir dalan wis ora kuwat nadhahi ilining tirta amarga campur worsuh sangkrah ndheg-ndhegan saabreg uwuh. Esenereng ing ndhuwure wus katutup cor ewasemono lakune rodha papat, loro, yaiku mesin lan onthel kaya wis ora saguh maneh nanggulangi padheting lalu-lintas ing jaman reformasi iki.

Ing prapatan ring road Kenthungan, Jalan Kaliurang, ana sagrombol bocah kang umure 13—25 taunan, Putune Nabi Adam mau lagi padha ceceker golek pangupa boga kang kalal tanpa metung grimis lan pating sliwering ingon-ingonan sing lair saka Jepang. Tekade mono iki golek pangan kang kebak barokah.

Bocah-bocah padha ambyur rebut dhupyung nyedhaki mobil lan sepedha motor kang lagi ngenteni ijone traffict light. Semono uga ora keri gumregahe Narti, bocah wadon kang mantele biru klawu nyedhak nasabahe kanthi tetembungan manis manuhara sajak ngemu daya. ...

“Ngersakaken waosan? tabloid, majalah, koran sore? Mangga, mangga Tuan, pawartane nges...”

“Pira Mbak regane Kompas?”

“Rpl.500,00.” Semaure bocah kuning lan gingsul untune iku,

“Wis sore kok Rpl.500,00?”

“Nggih pun, Rp1.000,00 kemawon.”

Sejatine pangayange ku mung kepengin rada suwe bisa nyawang bocah kuwi. Suwarane kok ndhodhok kori sajeroning benteng kang angkuh, Lha mbok dheweke nawakake Rp3.000,00,- bakal didhuwiti tanpa disusuki. Iklas. Tumempuking panyawang durung rampung, ambyar ... katundhung lampu ijo. Katambah panjeriting klakson, anyel, nggrundel atine, lagi arep manggakake Bethari Ratih wae kok ewa. Sumpeg, anyel dadi siji. Badhar temenan rejeki kang katampa dening Narti. Rumangsa rejekine kanca ditampel mula kancane mrinani.

“Asem tenan, wong iki,” pisuhe Tono.

“Dupeh duwe mobil, that-thit-thut,” panyaruwene si Glontor.

TA)