Kaca:Panjurung.pdf/145

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Soekarno swargi kondhang ateges Saat Oorlog van Belegi tegese Negara dalam Keadaan Bahaya. Tumrap Jumadi mesthi bae tegese Selak Ora Betah. Sesuk ngenteni apa, emben ngenteni apa, sapa ngerti tiba jodho.

Kanthi pawitan nekad campur ati dheg-dhegan, satengahing wengi kang wus dirancang sadurunge, Jumadi mindhak-mindhik laku jinjit mripate pendirangan milang-miling kaya maling wedi ditempiling. Kamangka sajeron omah babar pisan datan ana jalma manungsa kejaba pawongan sakloron, Yu Tajemrewange nuju libur pungkasan wengi iku.

Gandrik, jagat dewa bathara ora jagat dewi nglegena. Asih nglinteg ngebleh-ebleh mlaha awake kabuntel piyama sutra duweke Jumadi kang disilih anggo. Pindha temanten putri ngrantu kakunge. Rindhik kirik digitik, Jumadi tanpa uluk salam nuwun sewu makelingkrik, kaya padatan numpaki Vespa sing bokonge sadhunak rikala durung ngingu mobil. Asih pancen dudu Vespa, mula sakala njola kaget kaya disulut tegesan srutu.

Jumadi kang wus kadung ambyur suthik mundur, upama Asih mbengok sakayange ora bakal keprungu tangga, kejaba pomahan adoh kinadohan swara udan deres wengi tangeh kawiyak. Temahan Asih pasrah bongkokan. Nanging niyate Jumadi ora keturutan, korining wewadi kliwat tangguh, senjata Kunta sang perjaka datan kuwasa katamakake, apa iki sing jeneng ketanggor rompi anti perkosaan kang nembe dipromosekake.

Jumadi saya penasaran, tangan kekaro nasak-nasak rawe-rawe rantas malang-malang putung, nanging datan ana sawiji pepalang kang bisa diputung. Mripate Jumadi biyayakan, iba kagete rikala nyipati jempol sikil kiwane Asih mblendhug lan tetela barang wewadine buntet-tet sarupa kaya duweke bonekah plastik dolanane Bawuk. Cengele Jumadi sanalika krasa kaya dilimpe saka buri digejlig hamer, saengga klipug lali purwa duksina ora eling donya akhirat.

Parak esuk kaya padhatan swasana sakupeng kompleks ora

Owah gingsir. Jumadi ngengakake tlapukan mripate kleser-kleser tangi karo ngemek cengele, linggihan lambe dhipan thenger-thenger Jumadi nyawang kiwa-tengen sajeron kamar tamu kang kanggo turu Asih, datan tinemu pawongan sawiji. Seprei bantal guling sasawalane tumata racik, piyama sutra kalempit apik sumeleh sadhuwur bufet kaya adat saben

sabubare disetrika Yu Tajem.

131