Kaca:Panjurung.pdf/132

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

mBak Minar! Tangi...! wis awan! Gek ndang bali neng pondhokan, kamar arep diresiki!” Panggugahe sing japa losmen karo ndhodhog lawang kamar.

Minar nglilir, awak krasa lara kabeh. Sandhangan sing dienggo wis bosah-baseh uwal saka awake. Kelingan kabeh kedadeyan dhek bengine, Minar angles atine nangis kelara-lara. Gandheng selak didhodhogi saka njaba, cekat-ceket Minar nganggo sandhangane. Nalika metu lawang, karo ngguya-ngguyu sing jaga losmen menehake amplop, langsung digegemake ing tangane.

“Iki mBak, saka tamumu mau bengi.”

Kanthi amplop ing gegemane, Minar bali neng pondhokan, atine rontang-ranting. Neng pondhokan, sawise padha ngerti tugas apa sing kudu ditindakake, werna-werna polatane Minar sakancane. Ana sing ketok sedhih, suntrut, biasa, ning uga ana sing malah katon bungah atine.

Bocah-bocah krasa lan ngerti yen kapusan. Janji-janji arep diwenehi gaweyan dening wong-wong kang disebar Bu Candolo, pranyata didadekake wanita lanyah, dadi dagangan sing bisa nyugihake Bu Candolo. Dheweke sing pasang tarip dhuwur, bocah-bocah cukup clepretane. Kanggone bocah ndesa sing penguripane buruh-buruh tur kurang entuk panggula wenthah kautaman, ya njur seneng wae. Nyambut gawe entheng, entuk dhuwit lumayan. Ning kanggone Minar, wiwitan rumangsa abot. Gandheng yen arep metu kudu yen wis telung sasi, lan merga pengaruh saka kanca-kancane, suwe-suwe Minar dadi biasa ngadhepi tamu. Apa maneh dheweke rumangsa dadi kembange losmen, Minar sing ayu sasat dadi kembang lambe lan kekidungane para priya hidung belang, sandhung

jekluk Minar sing ayu kuning. Tamu langganane tanpa etungan, kabeh njaluk diladeni Minar.

Ganep patang taun Minar dadi penghuni Losmen Arum Ratri. Kabeh kesenengan rumangsa tutug. Dhuwit, emas hiasan, sandhangan,

meh saben dina tuku, paweweh saka bos-bos sugih sing padha gandrung. Jeneng urip mono owah gingsir, Wis ana sesasi Minar kerep lara weteng, luwih-luwih janji bubar nampa tamu. Mula saiki kerep nolak, ndadekake Bu Candolo kerep nesu. Wis priksa dhokter ngolah-ngalih, ning padha wae, janji obate entek mesthi kumat. Keri dhewe neng dr. Budi, ahli penyakit dalam, Minar rada kisinan merga didangu dhokter.

118