Kaca:Panjurung.pdf/131

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

sd



“Benar Minar, aku sing bakal ngajari kowe. Ditepungake, aku Dremba." Maju selangkah karo ngulungake tangane, wong mau wis ana njero kamar. Tangan tinampan dening Minar, cepet mbalik lawang sing diungkurake ditutup jeglek banjur dikancing, kunci disak. Mundur mepet dhipan, aloke. “Lho, Pak! ..., panjenengan kok malah mlebet? Kori kok dipunkancing?”

“Iya Minar, wengi iki kowe bakal dakajari nyambut gawe. Nyambut gawe sing enak lan kepenak, Ngrasakake swarganing urip, necep nikmating kadonyan. Kowerak durung tau ngrasakake, ta?” Kanthi guyu ngemu teges, wong iku nyedhaki Minar nyambi nyiwel pipi. Minar kaget kaworan wedi. Mundur saya mojok kamar, atine dheg-dhegan.

, kula wonten ngriki badhe nyambut damel. Kula sanes boten purun pun camah. Mangga kori dipun bikak, j medal?” Pakone Minar kanthi swara






“Minar, ana kene tugasmu pancen ngladeni tamu, kaya dene aku, Bengi iki kowe dadi panguwasaku. Aku duwe hak tumindak apa wae marang kowe sakarepku." Wong mau nyedhak arep ngrangkul pundhak, tangan enggal disampluk kanthi praupan mencereng kawetu tembunge kasar.

“He, wong lanang hidung belang, gelem bukak lawang lan metu saka kene ora? Yen ora, aku bakal njeritnjaluk tulung!” Minar ngancam.

“Ha....ha....ha....!" Wong lanang iku ngguyu nggleges, “Minar ngertia, yen bengi iki kowe wis daktuku larang, merga jarene Bu Candolo, kowe isih prawan asli sing polos lan lugu. Mangka ya kuwi sing tansah dakgoleki. Nek kowe wangkot lan jaremu arep njerit, cobanen. Mangsa ana wong sing bakal tetulung, awit sing jaga kene kabeh wis padha ngerti. Mung kowe Minar sing durung mudheng, yen sejatine kowe wis klebu ing loropan dadi panguwasane germa sing ndagangake awakmu marang wong sing padha ngumbar nafsu.”

Krungu kandhane wong lanang Dremba, prol ... kringet adhem metu byuk-byukan saka sarandhuning awake, Awak. gemeter sikil ngewel, pandeleng pet-petan. Krasa yen wis ora bisa oncat saka bebaya, awak kumleyang tanpa daya. Nalikane arep tiba, Minar krasa tinampan tangan

prakosa, sabanjure Minar wis ora eling apa-apa.

117