Kaca:Panjurung.pdf/130

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Tugas kula benjing punika punapa inggih Bu, kula sarencang kok dipun latih ngadi sarira lan ngadi busana?”

“Neng losmen. Sing cetha kowe kabeh duwe tugas ngacarani tamu, kareben losmen laris. Mula kowe kudu latihan sing tenan, luwih- luwih kudu grapyak lan semanak, sugih guyu, lan gawe krasan sing padha nginep. Wis saiki rasah kakehan pitakonan, suk bakal ana dhewe sing nglatih bocah liyane."

Ganep rong minggu Minar wis baut dandan. Jebulane dheweke moblong lan ayu dhewe tinimbang kanca-kancane. Bokmenawa wis rinasa cukup anggone nglatih, esuk iki Bu Wingit wis ora teka, ning ganti ana tukang foto sing banjur njupuki gambare bocah-bocah iku siji-siji. Bubar iku tukang foto uga banjur lunga.

Ing wayah esuk Bu Wingit teka ngedumke foto sing dhek emben wis dadi. Kabeh gumun ndeleng gambare dhewe, sing luwih endah luwih apik karo sing sanyatane. Jebul ora baen-baen dayane awak sing wis didandani. Sawise kabeh tutug lan marem nyawang fotone, Bu Wingit kandha.

“Wiwit mengko sore, kowe kabeh wiwit tugas ana losmen. Wis ana wong sing kajibah ngeterke kowe mrana. Ana losmen, golekana kamarmu dhewe-dhewe. Ing ndhuwur lawang kamar, wis dipasang foto padha sing karo kogawa, Dene sing bakal nglatih kowe nyambut gawe, mengko bakal teka, cukup kotunggu ana kamar. Kowe kabeh mengko bakal ngerti apa tugasmu.” Tanpa ngenteni bokmenawa ana sing takon, Bu Wingit terus bablas metu ninggalake pondhokan.

Wis watara sajam Minar ana kamar losmen. Sinambi ngenteni wong sing dijanjekake arep nglatih nyambut gawe, Minar maca majalah

anyar sing wis sumadiya ana kono. Durung rampung sajudhul, keprungu lawang kamar dithothok saka njaba. Gage Minar marani lawang sing pancen ora dikancing. Nalika lawang dibukak, neng ngarep lawang wis ngadeg wong lanang setengah umur, Kanthi polatan sumeh, wong mau ndhisiki takon.

“Bener mBak, kowe Minar?. Bocah anyar sing lagi wae?”

“Inggih leres Pak, kula Minar. Lare enggalan. Punapa Bapak ingkang badhe nglatih kula nyambut damel wonten ngriki?” Pitakone Minar alus.

116