Kaca:Panjurung.pdf/127

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Lik Ijah, adhine bapake, wong ora nduwe, anake kemriyek isih cilik-cilik, Karo ngenteni tekane Bu Candolo saperlu pamit, Minar bali lumah-lumah ing peturon karo nata ati. Leng, pikirane dadi ngambra-ambra kelingan kabeh lelakon sing wis kawuri,

Sanadyan mung anake wong dhanyang buruh kasar, Minar sekolahe rampung SMU kanthi entuk ijazah. Wong tuwa kekarone klebu wong temen lan jujur tur enthengan. Tawakal manembah Gusti, pendhak Minggu neng Greja bebarengan. Mula ora mokal yen ditresnani tangga teparo. Lagi wae rampung sekolahe, Minar sing lagi mekar ngancik dhiwasa iku, ditinggal ngajal bapak emboke merga kena alangan, kesrempet bis nalika boncengan pit arep nyumbang sanak seje desa sing duwe gawe mantu. Kekarone ngajal sanalika iku uga.

Dhasar anak wadon ontang-anting, Minar sing wis lola iku nyambung uripe kanthi kabisan sing diwarisake embokne. Yen dikongkon tangga, pegaweyan apa wae ditandangi, sinambi ora kendhat gawe lamaran pegaweyan, e..bokmenawa mengko ana panggilan. Jer kabeh mau mujudake pambudi daya kanggo nggayuh kamulyaning urip,

Wayah esuk meneri Minar menyang pasar, ketemu kanca lawas sing dhek cilik ubyang-ubyung bareng dolan, Mitri jenenge. Kakak kelase dhek ana SMU. Bareng lulus Mitri njur lunga menyang kutha, kabare payu nyambut gawe. Nalika ketemu, bocah loro kejaba salam-salaman ngandhakake keslametane, uga gablog-gablogan nandhakake olehe padha

dene kangen, nganti lali yen ana ndalan. “Minar, piye kabarmu saiki? wah ora ketemu pira suwene, saiki

kowe wis ketok dewasa lan tambah ayu,” kandha ngono Mitri isih karo

nyekeli tangane Minar kenceng. “Ya mung kaya ngene iki, Tri, saiki aku malah wis lola mangka

aku durung cekel pawe sing gumathok,” wangsulane Minar karo

tumungkul sedhih, kelingan wong tuwane sing wis padha ora ana, “Kowe mono begja, Tri, nyatane saka panyawangku saiki bareng

wis nyambut gawe uripmu penak. Sandhanganmu becik lan penganggomu

mompyor.” “Ah, ya mung biasa kok, Nar, nek saka rumangsaku anaa bedane

ya mung sithik, karang ya jeneng wis nyambut gawe gek cak-cakanku ngati-ati pisan. Dadi ya cumanthel kaya sing boksumurupi iki.”

113