Kaca:Panjurung.pdf/104

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

angel tangguhe. Nanging dudu Noto Wiguna yen ora bisa ngrampungake Kanthi eseme, Noto Wiguna pancen thock cerr! Ora mindhon gaweni.

Arumsari tansaya ngambar. Dudu Kades kang amem saka |

perkarane warga kang sinebut pethingan, nanging kang kuwawa ngadhepi sandhungan pinangka piwulang. Karana iku Arumsari antuk kapercayan saka kabupaten kang nampa proyek nasional. Pabrik tenun, slaras klawan aset kang ana.

“Pak Kades, kadospundi menika? Warga ingkang nggadhahi sabin kidul tanggul menika, owel ngulungaken sitinipun, kamangka ganti rugi sampun murwat!” Palapurane investor marang Kades Noto kalane wis siap samudayane.

“Sampun Pak, sampun kapenggalih awrat, Perkawis menika kula

ingkang badhe ngreripih warga. Sejatosipun, menawi kita menika saged |

ngepek ati, sedaya saged dipunprantasi.”

Pra gantalan wektu, Kades Noto nglumpukake warga ing pendhapa bale desa sinambi ngrahabi pisang goreng lan na; gasari. Manget- manget, nanging ngedhem pikir,

“Sadherek sedaya, kemajengan menika boten badhe lumampah tanpa pembangunan. Pembangunan wonten nedahaken menawi kita majeng. Dados, yen kita boten nyengkuyung ateges boten kepengin

“majeng!” Kades Noto miwiti sesorah,

“Kula menika sarujuk, Pak! Nanging sawah kula mung sapathok, yen kula ulungke terus pripun mangane simah lan anak kula?” panyaute Pak Wongso.

“Nggih, Pak, mangke wong kitha terus mriki! Lha sami mawon!” kandhane Paiman ora kalah sora,

Kades Noto mesem. “Ngaten nggih para sedherek, ati saged

anas nanging pikir kedah sumeleh, Cobi ta dipunpenggalih, nadyan kita menika tetanen kasunyatan taksih nyuwun sewu, kacingkrangan. Panen asring gagal, rabuk awis, kepara taksih tadhah udan, Lha yen wonten brik, kita kantun makarya, para nem-neman ingkang dhateng kitha saged wangsul dhateng dhusun. Menapa boten ateges kita malah saged kumpul sedulur?” Cep klakep, ora ana kang cemuwit, Kades Noto mbacutake. perkawis tiyang kitha, ampun sumelang. Pabrik menika mengulamakan

90