Kaca:Panjurung.pdf/102

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Kanthi manthuk-manthuk kebak esem, Noto Wiguna migatekake. Dalane swara iku mung siji, dene kuping loro, kiwa tengen. Mula kanggone Noto,luwih becik akeh ngrungokake tinimbang ngecibris ngudhal ukara,

Tibaning ngendhon, sinengkuyung sakehing warga Noto Wiguna sinengkakake ngaluhur dadi tetungguling desa. Dadi Kades, Kepala Desa Arumsari.

Arumsari tansaya ngambar. Ora ana pletheking lambe kang ora ngalem Noto Wiguna. Bisa ngrangkani, bisa manjing ajur ajeg mring warga. Wiwit bocah cilik tumeka wong tuwa, wiwit buruh kasar tumeka wong kantoran, kabeh padha suyud mring kades anyar.

Sepisan maneh, kuncine mung esem.

“Ngertiya yen Pak Noto iku jempolan kaya ngono, rak wis biyen- biyen dipilih dadi kades, ya?” Gumremenge Parjan kalane bali saka bale desa, rampung lapor lan njaluk wewarah anggone dredah karo Drajad bab lemah.

“Iya. Wah, saiki ngene wae!” Drajad kang jejer ing sandhinge, bareng nepaki dalan rumangsa nemu gagasan mirunggan.” Usul marang Pak Kades supaya memasarakatkan esem lan meng-esem-kan masarakat Arumsari. Sip ta?”

Parjan banget sarujuk. Kaluwih ing krisis ekonomi kang tansaya kritis iki, kudu akeh esem supaya rasa lan pikir ora gampang kebrongot kahanan.

Rembug gilig, kang sakawit mung wujud rasan-rasan wusana diunggahake tekan erte, kadus, lan gonge dadi agenda rapat ing bale desa. Kabeh nyarujuki, ing tanggal 17 September procot, lair slogan ESEM, kanthi babaran Esem Sarana Endahing Memitran.

Ngedab-edabi. Ora nganti patlikur jam, Arumsari kadidene malik prembyang- Kang padatan asring tinemu rai mbethuthut merga kekeselen

ngoyak butuh jejeging kendhil, malih seger sumringah sajak mentas tampa nugraha. Kaya kang wis diwelingake Noto Wiguna, gumantung ing rasa.

Minangka tetungguling desa, Kades Noto rumangsa mongkog. Apa kang sasuwene iki dicakke katon ana asile. Kanyatan, esem iku aji kang pilih tandhing. Nanging yen rakyate padha melu nindakake, apa ya pas anggone? Ya yen padha trep anggone nggunakake, yen nalisir? Apa ora mbebayani? Kurang bejane dheweke kang kasengguh minangka

88


Ga