Kaca:Panjurung.pdf/100

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

putra daerah, Anak kula ingkang kuliah wonten Fakultas Pertanian Sampun lulus, lajeng putranipun Pak Sekdes ugi Sarjana Ekonomi. Menapa Ingkang dipunsumelangaken? Sedaya rak warga kita, sampun ngertos aten-atene.” Ora ketriwal, Kades Noto mesem.

Para warga manthuk-manthuk kadidene antuk dalan padhang. Kaya Kresna nuturi Pandhawa, siji wae ora ana kang nduwa.

“Matur nuwun, Pak Kades!” kanggo nuduhake panuwune, in- Vestor nyaketi Kades Noto. Ngajak salaman, kenceng. Kabeh iku karana

” esem. Hebat!

“Pancen nge-tooop!!!”” Ora ana kang ora ngalem eseme Noto Wiguna. Krana Noto Wiguna pabrik enggal ana, Krana Noto Wiguna para warga saiyeg saekapraya. Noto Wiguna kasusra, lan tansaya kasusra kondhang kaonang-onang kalane ing kalawarti mbabar perkara wigati:

Esem Maut

Merga eseme, Noto Wiguna, Kades Arumsari, kasil mblithuk warga, mrawasa para wanodya, sukses Kolusi, Korupsi, lan Nepotisme. Miturut sumber kang bisa dipercaya, esem maut kasebut ora adoh sangkane, manging kudu wegig panggemblenge.

(Bud)

“Ah, geneya aku lali ora mesem marang Budi?” Kades Noto nanggapi. “Wartawan tengik!” pisuhe sinartan esem. Kecut!!!

kabak

Ngayogya, September 1998

Kanggo kang duwe 17 September, esem iku apa mung dudu saweneh tatu?

86