Indarsih, mulane atine tansah panas banget, bola-bali tansah tukar padu bae. Weruh kahanan sing kaja mangkono mau Pak Mardanus bandjur njapih, Sulastri saanake Indarsih, kang saiki wis disalini djeneng dadi Indrijati bandjur dijasakake omah dewe ana Tasikmalaya, kareben ora nate tjongkrah tukar padu. Dene bab djeneng mau saka Indarsih dadi Indrijati mung supaya laras karo anake dewe Andrijani. Mangkono gagasane Pak Mardanus. Mung emane kenja loro mau pada ora gelem rukum, kaja banju lan lenga bae. Ja bab kuwi sing tansah dadi prihatine Pak Mardinus. Mula bab sekolahan bae bandjur digawe sedje. Andrijani ana Bandung. Indrajati ana Ngajodja. Pamrihe supaya adja kumpul, lan ora tukar padu maneh. Lan besuk saupama kumpul maneh rak bandjur bisa kumpul betjik, ora tukar padu. Njatane Pak Mardanus ora nate mbedak-mbedakake sidji lan sidjine, kabeh dianggep dadi anake dewe, ora ana anak kuwalon lan anake dewe. Mangkono uga bab apa-apane uga sarwa dipada, pra dibedak-bedakake. Nanging Andrijani ora bisa nanggapi kekarepane bapake mau, malah kosok baline, bandjur geting karo Indrijati. Suprandene saiki wis pada pisah Andrijani isih nduweni watak geting karo Indrjati, atine tansah ngigit-igit, bisaha Indrijati arep dipaeka, arep diwirang-wirangake. Embuh
tjarane, waton Indrijati dadi wirang.
18