Menyang kontèn

Kaca:Pak Djenggot Tilas Heiho.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

-- E pripun ta pak, wong ditakoni lan disukani arta kok kendel kemawon. Empun ngalamun pak.

Pak Amat gragapan mangsuli.

-- Njuwun pangapunten nak, mripat kula radi ngantuk, tijang wau dalu mentas djagong sripah. - Ngono wangsulane karo nampani duwit selawe rupijah.

-- Kondur gangsal rupijah inggih nak.

-- Ah sampun, boten sisah kemawon pak.

-- Matur nuwun sanget nak. Kok katah anggenipun mundhut, punapa bade kagem angsal?

-- Inggih pak, bendjang-endjang bade kuia bekta wangsul dateng Tasikmalaya.

-- Q.... ngaten ta. Dalemipun punapa Tasik nak?

-- Inggih pak, wonten ngriki sekolah. Sarehaning punika wonten liburan gangsal dinten, mila kula bade wangsul.

-- O....makaten

-- Mila kula aturi mbuntel ingkang sae inggih pak.

-- Inggih nak.... inggih.

Bareng wis rampung anggone mbuntel gitar telu mau bandjur diwenehake. Kenja aju mau nampani barange, terus lunga ngetan parane. Dene nonoman loro kang ana sandinge tansah ngingetake bae tanpo kendat. Pak Amat rada akeh sudjanane karo nonoman loro mau, kang ngandut wewadi, mripate tansah djlalatan bae. Bubar kuwi Pak Amat bandjur kukud, terus mulih, kanti ati sing kebak pitakonan rupa2. Dene

16