Menyang kontèn

Kaca:Pak Djenggot Tilas Heiho.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

nika? wangsulane Pak Amat karo njawang kenja aju mau, atine saja sumedot. Kantun tiga menika pak ? Tunggile boten woten malih? -- Kantun tiga manika nak, sanesipun sampun telas. -- Reginipun pinten pak setunggal punika. - Boten awis kok nak, mirah kemawon, namung sedasa rupijah. -- Menawi kula tumbas sedaja angsal sudah? -- Inggih mangga. - Kalih dasa kemawon inggih pak? -- Inggih mangga sampun Embuh apa sebabe Pak Amat bareng adu-arep karo kenja ayu mau tansah lenger2 atine karo kamitenggengen njawang praupane Indrijati kenja Pasundan kang lentjir dedege, weweg pawakane, branjak polatane, kuning resik pakulitane. Lagak lagejane, solah tingkahe tansah mranani banget. Saja jen mesem, dekiking pipine mau saja nambahi ajune sing wis kinjis2 mau. Mak prepet Pak Amat atine dadi gondjing miring, bisane mung ngelus dada, kelingan sing ora2. - Hem.... anakku wadon jen isih urip, kira2 apa ja wis semene gedene ja? - ngono batine Pak Amat. 60- - Menika lo pak artanipun Pak Amat ora mangsuli, isih lenger2 kaja wong ngalamun. 15