Menyang kontèn

Kaca:Pak Djenggot Tilas Heiho.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

-- Galo sing dienteni wis teka. bluse abang, ngisore putih, lagi mlaku ngener mrene.

-- O ija, djenenge sing bener sapa ta, karo njawang kenja sing lagi teka. Pak Amat melu nglirik.

-- Jen ora kliru Indrijati, mahasiswa saka Prijangan.

-- Kowe kok ngerti jen deweke sesuk bali kanti numpak sepur expres, sing kanda sapa.

-- Kantjaku Edy

Dilalah botjah wadon sing disebut Indrijati mau marani dasarane Pak Amat. Dene botjah nomnoman loro bandjur meneng, karo njawang sing lagi teka, kang njata ajune tumpuk undung, pakulitane resik.

Mak tratap atine Pak Amat bareng weruh praupane kenja aju sing lagi teka mau. Atine gragapan, awit deweke bandjur kelingan kaja-kaja wis nate weruh rerupan kang kaja mangkono mau. Ja irunge, ja lambene, ja mripate. Pak Amat nganti kumesar dadane. Ora kok Pak Amat bandjur kajungjun karo kenja aju mau, ora, nanging Pak Amat bandjur kelingan lelakon dewe lima las tahun sing kapungkur. Atine Pak Amat bandjur dadi ngalamun sanalika.

-- Tjobi pak, njuwun pirsa pijule niku - ngono pitakone kenja aju mau.

Pak Amat trataban maneh krungu swara kang alus bening, kaja2 swara mau ngumandang maneh ana artine, swara kang wis nate dirungu limalas tahun sing kapungkur.Pak Amat gragapan mangsulli.

-- O..... mangga nak, ngersakaken mundhut pu

14