Menyang kontèn

Kaca:Pak Djenggot Tilas Heiho.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

ane lija, ora nedya tuku barange, lan sadjak ora kepetung golongan mahasiswa kang melu mlebu ana Pagelaran, tegese dudu mahasiswa sing klebu undangan. Embuh mahasiswa embuh dudu, Pak Amat ora ngrewes. Mung sudjanane dene solah-tingkahe njalawadi, kajangandut wewadi apa-apa. Sing dadi kawigatene dene tansah bola-bali ngalor ngidul tanpo tudjuwan, solah tingkahe njalawadi. Dumadakan mak bendengus nomnoman loro sing di sudjanakake mau bandjur ndodok ana ngarepe Pak Amat, karo nudingi kotak pijule Pak Amat, kanti takon basane Djawa rada kikuk. -- Eh itu napa pak, kok boten katut didasarake? -- O niki sanes barang dagangan nak, namung tjangkingan kangge pijambak. -- Kula tingali rijin pak, rak angsal ta. -- Kenging, nanging boten kula sade Guneman kala ngono Pak Amat karo ngetokake pijule alon-alon, bandjur diwenehake nomnoman loro mau. Ngaak... ngiik... ngaak... ngok... ngiiik... pijul kanggo dolanan tanpo laras setitik-setitika, lan minir-minur swarane. Pak Amat bandjur ngerti jen nomnoman loro mau ora ahli mijul. Pijul nuli dibalekake karo Pak Amat, nuli disimpeni ana kotak maneh. Kantjane sing nganggo djaket biru tuwa aweh

sasmita, karo njawang botjah wadon aju sing lagi teka saka kadohan, karo bisik-bisik. Pak Amat ngrungokake kanti tjeta.

12