Kaca:Paitan.pdf/99

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
KARUNAN

Soegiyono MS

SMP Muhammadiyah 1 Wates

Kinanthi

1. Yen ndika nuju mertamu,
ngrawuhi papan resepsi,
wardaya trenyuh sanyata,
pan nalangsa Basa Jawi,
krama inggil krama madya,
kang peni kantun sakedhik.

2. Paramasastra tumpang suh,
ukara kathah nalisir,
sakedhik pranatacara,
angracik basa kang peni,
cinampur basa nasional,
tan cetha clathunireki.

3. Dhuh pra wegig miwah sadhu,
mirengna sesambat mami,
linangkung kang tinanggenah,
nggulawenthah Sastra Jawi,
kathintinga katodhiya,
Basa Jawi risak sampun.

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004_____85