Kaca:Paitan.pdf/90

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ADI LUHUNG

Slamet Nugroho, S. Pd.
SMP Negeri 2 Samipaluh

Dhandhanggula


1. Nyurasa kahanan jaman iki,
mliginipun solahing pra mudha,
ingkang nilar budayane,
kang tuhu adi luhung,
murakabi gesang sesami,
menggahing tata krama,
sarta basanipun,
panganggon sarta busana,
patrap ingkang anglunturna jati dhiri,
minangka tiyang Jawa.

2. Pra mudha kang nilar tata krami,
datan tepung marang suba sita,
ngenut marang sakersane,
marang tiyang asepuh,
raos kurmat datan pinanggih,
wonten ing pasrawungan,
paugeran tan wruh,
bawarasa mring sasama,
tinilarken amung sru anggunggung dhiri,
ywa kongsi kapitunan.

76____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004