Kaca:Paitan.pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

6. Bareng pananduring brambang iki,
uga angipuko isi lombok,
milih sing unggul jinise,
yen wusumur seminggu,
bibit wis wani dipindahi,
ing sela selaning brambang,
wit lombok tinandur,
urut dawaning guludan,
panandur cukuprong larik ing pinggir,
lete kudu sing padha.

7. Ngrabuke tanduran brambang iki,
katutup upur selapan dina,
ya kuwi sing keri dhewe,
yen wonten telatipun,
jakliwat patang puluh ari,
yen langkung saking menika,
tambah panjang umur,
pancen seket lima dina,
brambang wahu sampun saget kapaneni,
wusana umur mundhak.

8. Pambrasthane ama brambang iki,
wiwite umur rong piuluh dina,
kudu ajeg panyemprote,
lette satunggal minggu,
wacanen petunjuk ing dosis,
yen arep nggunaake obat,
awit iku racun,
obat ra perlu sing larang,
warna papat iku wae wis nyukupi,
tegese wis samporna.

74_____PAITAN Antologi Bengkel Sastra Jawa 2004