Kaca:Paitan.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3. Prayogane kang den tandur iki,
palawija winih bawang merah (brambang),
kang cethek banget umure,
dene carane nandur,
guludan ingkang sampun aking,
nuli enggal kasirama,
cacah nganti mawur,
banjur rabuk kasebara,
sing rata aja nganti ana kang lali,
nuli katandurana.

4. Rabuk ingkang minangka ndhasari,
pupuk kandhang kompos prayoga,
yen gaweyan ya TSP,
iku wae wis cukup,
milih winih brambang kang becik,
umure kang cukup tuwa,
sehaturipipun,
bibit kang kaserang ama,
akhire tinandur keh kang padha ngoling,
mula kasetitekna.

5. Ngupakaraning brambang puniki,
esuk lan sore kudu disiram,
yen wis seminggu umure,
terus tutunen rabuk,
rabuk kang digunaake iki,
sing ngandhut unsure NPK,
larutna ing banyu,
njur carane kaecurna,
nanging aja nganti ngenani uwit,
tindakna pendhak pisan.

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004 ____73