Kaca:Paitan.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
KRIDHANING PEMILU

Sulistiyah, A. Ma. Pd.
SD Giripurwo 1

Gambuh


1. Tumapaking pemilu,
tumraping warga nagri puniku,
darbe andhil rancaging 'lam dhemokrasi,
aja nganti dadi golput,
kainan pan dadi awon.

2. 'Yo prasanak sedulur,
becik kita samya anyengkuyung,
milih presiden lan wakil kang mrantasi,
nora waton nyoblos jas-jus,
kang pinilih mugya maton.

3. Mulabecik dinulu,
winisara pinikir saklangkung,
kanthi tekad madhep mantep jroning ati,
datan waton anut grubyug,
ciptaning nala tan megos.

4. Wus cetha ciptanipun,
coblosen gambar pasanganipun,
presiden lan wakil kang dadi ati,
kang dadi condhonging kalbu,
rasarinasa cumeplong.

5. Dintenlan tanggalipun,
senen Pon kang dadi wekdalipun,
tahun rong ewu papat wulane Juli,
kita saiyeg lan sayuk,
tindak te pe es 'dha nyoblos.

56_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004