Kaca:Paitan.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
GURIT LAWAN TEMBANG
Rohmad Darojad
SMP Negeri 2 Pengasih
Pocung

1. Keparenga ngaturaken sugeng rawuh
mring pra kadang samya
ing adicara puniki
Bengkel Sastra murih mekaring budaya

2. Budaya gung ingkang tansah adi luhung
gurit lawan tembang
lan micara ndatan keri
subasita miwah gendhing-gendhing jawa

3. Mung emane para mudha ndatan keguh
ing patrapanira
sopan santun nguciwani
mila mangga sami greged gya makarya

4. Ranu mijil saking angga tundhanipun
kebangeten dadya
rebo mungging basa kawi
kabudayan manggalaning kautaman

5. Bengkel sastra ku gong lumaku tinabuh
bank ilmu budaya
kang kaimpun mrih lestari
lestarining kabudayan tanah jawa.

56____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004