Kaca:Paitan.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
GURU

Darsuyono

SMP Negeri 3 Wates

Pocung


1. Guru iku pantese kudu ditiru,
marang para siswa,
mula wajib ati-ati,
yen sembrana mundhak nemahi cilaka.

2. Sabendina tansah anggegulang ngelmu,
kabeh kudu bisa,
besuk kena nggo makarti,
wusanane bisa nggayuh urip mulya.

3. Dadi guru darbe murid ayu-ayu,
mlebu saben dina,
tansah ngguyu jroning ati,
urip mulya kaya mlebu aneng swarga.

4. Guru iku jarwane wagu tur kuru,
marga saka banda,
mung cukup kanggo sesami,
jangane mung trima bayem karo tela.

5. Ana guru nganti ora bisa turu,
mikirake utang,
kang ana ing bank BRI,
saben sasi mung entek kanggo nyarutang.

54____PAITAN Antotologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004