Kaca:Paitan.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
NGGILUT SASTRA JAWI
Legiyo
SMP Negeri 2 Pengasih
Sinom

1. Rinacik sekar macapat,
sinom grandhel murwakani,
atur pambagya sapala,
dhumateng pra rawuh sami,
sarengan amemuji,
rahayu ingkang ginayuh,
lubema pangaksama,
tumrap sadaya miyarsi,
tinebihna saking sakèhing rubéda.

2. Bèngkel sastra gya makarya,
tumrap guru basa Jawi,
wit tan tega jroning rasa,
mring krisis ing tata krami,
srana aprêsiasi,
kabudayan adi luhung,
macapat geguritan,
maksih samya den pepetri,
murih pra mudha tumanggap mring tata krama.

3. Kinarya pandoming sastra,
Bale Basa mandhegani,
Bengkel Sastra Kulonprogo,
sinengkuyung mring pra dasih,
nggulut Apresiasi,
sastra Jawa den sempulur,
selikur ingkang candra,
den adani wulan Juni,
kawanlikur kaangkah wus pari purna.

42_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004