Kaca:Paitan.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PURWAKA

Macapat kalebet peranganing kabudayan Jawi ingkang adiluhung. Kasebat adiluhung jalaran (miturut duking nguni) ing riptan macapat estunipun pinanggih piwucal sae ingkang magepokan kaliyan maneka warni prakawis, upaminipun sejarah, tatakrami, lan sanesipun.

Eman, awit saking pangaribawaning jaman ingkang saya majeng, macapat lajeng kirang populer. Sinaosa makaten, tiyang Jawi tansah gumregah nguri-uri macapat katitik taksih kathah pagelaran macapat. Bab punika mesthinipun ngremenaken, nanging raos remen kalawau lajeng sok kados mendha awit ingkang nyengkuyung pagelaran macapat umumipun sampun yuswa sekawan dasa tahun minggah. Sebabipun menapa, temtu mboten gampil jawabanipun. Wonten pamanggih, bilih para kanoman kirang caket kaliyan macapat awit macapat kirang dipungladhi wonten ing sekolah. Lumantar kawontenan mekaten wau, Balai Bahasa Yogyakarta ngawontenaken lokakarya macapat ​​kangge para guru SMP, Sedyanipun, supados para guru saget nularaken dhumateng para siswa seserapan ingkang gegayutan kaliyan macapat. Tundhonipun, samangke para murid mugi tu

Antologi ingkang dipunsukani irah-irahan Paitan mugi saget nggrengsengaken macapatumumipun, khususipun para guru ingkang ngayahi kuwajiban mucal Basa Jawi ing SMP Kulonprogo.


Yogyakarta, 2 Agustus 2004
Kepala Balai Bahasa Yogyakarta


Drs. Syamsul Arifin, M. Hum