Kaca:Paitan.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PADOS NGELMI
Sumarni, S, Pd.
SMP Negeri 1 Wates
Kinanthi

Tata krami ingkang luhur,
dados barang ingkang awis,
ngegungaken kapinteran,
amung mburu pados ngelmi,
pra siswa tanpa susila,
napa malih tata krami.

ELA-ELU
Sumarni, S. Pd.
SMP Negeri 1 Wates
Asmaradana

Sarwa-sarwi jaman iki,
akeh bocah kang dha lena,
padha katungkul uripe,
kagawa murkane jaman,
tanpa ancas kang mapan,
ela-elu tanpa pemut,
jalukane mung diuja.

28_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004