Kaca:Paitan.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3. Kwasakita nyandhang nyandhung nyandhing
nyandhang susah seneng kurang turah
nyandhung ketanggor ing sèkèng
wajib kita nyenyuwun
kinanthèn resik suci murni
kabul nyadhang nugraha
nugraha Hyang Agung
awit njeng ibu Maria
datan tega tan wentala nguningani
papa cintrakèng putra.

4. Mrih santosa bebrayan kang suci
nulat marang ibu pasamuwan
brayat suci ing Nasarèt
nggenya tansah nggegulang
marang putra mrih dadya mursid
tansah bekti mring rama
sarta ibunipun
ing bénjang dadya panutan
sembah sujud dhateng Allah Maha Suci
begja donya akhérat.

5. Tripakara kudu dèn tuhoni
kamot anèng kitab Putra Sirah
kang sinedya ing tundhoné
rukun dulur lan tangga
atutruntut nggènya prajanji
lampahing pepacuh
tindakumuk singkirana
laku bandrèk aja pisan kok lakoni
urip tan kena srakah.

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004_____25