Kaca:Paitan.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SESOMAHAN
FA Kasimun, B.A.
SMP Pangudiluhur, Kalibawang
Dandhanggula

1. Kudu eling datan kena lali,
lamun sira arsambangun brayat
kudu ijab sakramèné
awit sakramen iku
ingkang dadya lantaraning sih
lamun bola bali ijab
kang tanpa pakéwuh
sakramèn kanggo dolanan
yekti tan nampa sih nging nampa bilahi
witcengkah nggen sedasa.

2. Ribeting tyas silaning akrami
awit kudu jalu lan wanita
kang ijab nampa sakramèn
wani kurban mrih rahayu
rahayuning brayat irèki
ngipuk-ipuk katresnan
konjuk ing Hyang Agung
rumongso ajiné padha
urip loro linebur dadya sawiji
momong putra mrih tama.

24_____PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004