Kaca:Paitan.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
NGLABUHI NAGARA

Suparman Trisnosumitro, B.A.

Kinanthi

1. idham-idhaman kang luhur
mardika tumraping nagri
wus kalampah kanthi perang
sasat korban banjir getih
mula ajinira praja
tan kena rinega dhuwit.

2. Bakal maju apa mundur
praja kita tembe buri
gumantung mring para muda
nggoné angemban pakarti
wit kang nampa jejibahan
tanliya pra generasi

3. Kamardikan praja makmur
dudu kenikmatan mligi
ingkang kalebu kabegjan
dan anggep wancine mukti
banjur urip sarwa penak
iku klèru ing panampi.

4. Sanajan mardika sampun
nanging yen keset makarti
ora bakal urip mulya
datan keduman rejeki
wit mardika mung kawitan
saterusé kudu trampil.

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004_____21