Kaca:Paitan.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ELINGA PEMUDHA
Ani Sulistyaningsih, S. Pd.

SMP Negeri 1 Temon

Maskumambang



1. Uripiku kudu tansah ngati-ati,
amrih urip mulya,
tansah gemi lan nastiti,
adoh saka tindak nistha.

2. Pra manungsa kudu eling myang ilahi,
nyingkiri kadosan,
tansah tumindak kang becik,
nora apes urip ira.

3. Para mudha sesulih ibu pertiwi,
njaga marang bangsa,
ajanganti nggendhong lali,
supaya tetep mardika.

4. Siswa siswi minangka pangemban bekti,
marang ibu bapa,
mikul dhuwur tindak aji,
aja lena dadi duta.

5. Welas asih tuladha luhuring budhi,
nandake agama.
tansah tuhu uga bekti,
marang bangsa lan wong tuwa,

18___PAITAN Antalogi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004