Kaca:Paitan.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
HAMEMAYU HAYUNING PAWESTRI
Indrati Sayuto

SMP Negeri 4 Girimulya

Gambuh


1. Dadya wanodya kang ayu,
ayuning tyas mbengkas hawa nepsu,
nepsu syetan tansah angreridhu ati,
ati suci cindhe wutuh,
tuhu welas asih katon.

2. Katoning sira cah ayu,
yuda mring warna-warni bebendu,
dudu rasa datan den deleng puniki,
kinen pikir pandongamu,
murih manggih margi polos.

3. Los tinarbuka angenmu,
mujudken gegayuhan kang luhur,
luhur mukti tindak tanduk kang utami,
kudu jujur ingkang miyos.

4. Miyos nun saking lesanmu,
mugi andamel guyub lan rukun,
kuncarane bale wisma ingkang saleh,
salehah putra twin putu,
tuduhken asma pangayom.

5. Pangayoming putri iku,
kuwating tresna lan ngibadahmu,
ngibadah tekun srawung sasami,
midhanget sambat lan tutur,
turun watak mrih widodo.

14___PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004