Kaca:Paitan.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4. Kinanthi kinarya pemut,
mring ibu kita Kartini,
yekti kinarya tuladha,
dadi pandoming pra putri,
jroning ngabdi nusa bangsa,
tan nilar reh kang utami.

5. Wis tan samar tumrapipun,
kanggo para putra-putri,
masang paraga wanita,
miyos jroning sasi april,
siji wolu pitu sanga,
selikur tanggalnya nenggih.

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004_____7