Kaca:Paitan.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
URIP ING DONYA
Sri Warni

SMP Negeri 1 Sentolo

Makumambang


1.Yen ta sira urip aneng donya iki,
mung sakedhep netra
lanamung minangka abdi,
manembah kang Maha Kwasa.

2. Nanging sring sira Jali minangka abdi,
lali kuwajiban,
manembah kang Maha Suci,
amung mburu barang donya.

3. Lamun Allah sedyanira kang utami,
denya darbekira,
yen ta denya kang utami,
sengsara ta uripira.

4. Lamun sira sowan myang kang Maha Suci,
tan anyangking bandha,
pangkat drajat kang den udi,
nenging sucining tyasira.

5. Munajata marang Allah tengah ratri,
nyenyuwuna sira,
myang Allah kang Maha Rahim,
lestari donya akherat.

4__PAITAN Antologi Macopat Bengkel Sastra Jawa 2004