Kaca:Paitan.pdf/128

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sang dwijawara mbrengengeng
Lir swaraning madubranta
Oooo....

Gara-Gara: (antawecara dalang gara-gara, wacana bebas).

Srepeg Sanga: (Rangu-rangu), buka cempala/kendhang,

2 1 2 1 3 2 3 2 5 6 1 6 3 5 6 1 6 2 3 5 3 2 1 2 1

2 1 2 1 3 5 6 5 9 3 5 6 5 3 2 1 2 3 3 5 6 5 3 5 6 5 6 1 2 1

Rangu-rangu
Rangu-rangu tyas matrenyuh
Mawa suka rena, radyan anggarjita
Ungguling ngayuda, karsaning Hyang
Dhuh Gusti, Gusti kula
Sumungkem mring ngarsa pada
Gusti kula

Ing ngarsanta kula nyuwun
Genging pangaksama, miwah wicaksana
Nyuwun panguwasa, ing tyas kula
Dhuh Gusti, sembah kita
Tulusa nglebur angkara
Dhuh tulusa

Gusti ingkang maha suci
Paringa ngapura, mring para manungsa

114___PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004