Kaca:Paitan.pdf/127

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

lelayaran ing getih kenthel
mleroki, gagak kang ngguyu ngakak
0, enthung, kae gagak saya reraton
kae si gagak ngendelake suwiwine
si gagak ngeker-eker kuburan politikus
ndhandhang balung-balung
kodhok ngorek kodhok ngorek
ngelak getih abang, theyot theblung (3X)
0, enthung, kodhok ngotot tanpa balung
kodhok kae cundhukana kembang tunjung putih
aja kok klambeni godhong kemuning
gagak kae sasabana kecubung ireng
njur mengko sore, lagokna pocung paseban:
bapak pocung okeh gagak tulung-tulung
kudu nyembah kodhok
ngalap berkah banyu suci
borehana kembang telon ganda menyan
lamun kowe wis ngupu tarung, enthung, takokna:
yen kodhok tanpa bedhil
sapa isih ana kekendelan
yen gagak tanpa cucuk
sapa isih cecengilan?
Yen urip iki thetheyotan
:apa ana katentreman (Kristal Emas, 1994)

Paraga: C (suluk jugag, sl pt 9):

Sangsaya dalu araras
Abyor lintang kumedhap
Titi sonya madya ratri
Lumran gandaning puspita, oooo...
Karengwan pudyanira

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra jawa___113