Kaca:Paitan.pdf/126

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Paraga A-B, jugar semedi. Mlebu bebarengan, mapag swasana anyar: Kairing gendhing: Badra sl 9:23 5 6 1 5 2 3 52 3 1 (saya ngangseg, dipungkasi kendhang nglereb: tak-tak-dlang-tak-tak-tung:gong suwukan).

Koor: Hong ilaheng-hong ilaheng-hong ilaheng: Munggah: hanacaraka-datasawala-padhajayanya-magabathanga. Paraga C (lanang) ngibas-ngibaske gubungan/godhong pisang, ditutke paraga D (wadon) nggawa dupa/ratus, paraga E nggawa banyu perwitasari-kembang setaman, disirat-siratke.

Koor: Reformasi (notasi/gamelan: slendro 9: 2 1 2 1 6), digenjleng (5) utawa (6). Munggah waosan Macapat Gurit dening paraga J. Ing sisihe paraga K-L, main teater (pantomim), nggambarake isine macapat gurit.

PAHLAWAN KODHOK NGOREK

dening: Suwardi Endraswara

0, enthung, jugara tapamu
Lukara busana Parasu
Iki wis dudu jaman Kumbakarna
Iki jaman Kala Bendu
Ngancik jaman Kala Suba
Endi elor endi kidul
Endi sing papak endi sing punjul
0, enthung delengen telenge blumbang
Sewu kodhok sesindhenan
(lir-ilir tandure wus ngalilir
kodhok ijo loyo-loyo
nglangi nantang penjajahan)
sewu kodhok plolak-plolok

112___PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004