penganggep. Saya suwe, macapat keplotrok kaya kathok, merga arang sing ngregani. Kabeh njur gumantung, sapa sing nyekel sekolahan. Yen Kepala Sekolah, Penilik Sekolah, Pengawas, Kepala Dinas “njawani” — macapat diipuk-ipuk. Suwalike, yen kabeh mau wis ora tinemu, macapat ditendhang krengkang, diganti pelajaran sing kanggo UAN (Matematika, Bahasa Inggris, Bahasa Indonesia).
Pawadan pancen bisa wae diplothot. Ning kabeh mau jeneng kebablasen. Ateges, anggone arep nimblis lan merjaya macapat wis kebangeten. Mula, ora perlu alok kelangan lan opyak nrethek — yen bocah-bocah tambah bosen krungu macapat. Akibate, macapatan ing sekolahan kurang greget. Kawula mudha nglepeh babar pisan. Isih ketambahan yen ana macapatan ing kiwa tengene wektune bengi, kliwat wektu — genah saya megahi. Lan sing paling ngganjel, sajake underane ora mung ing masalah kawicaksanan, ning “dhapure” macapat iku, Yen seprana-seprene, cak-cakane macapat ajeg, kurang inovatif —ora maido yen Siswa- siswi SMP glegeken.
Ing SMP, wulangan macapat uga arang digarap mateng. Aja meneh nggarap, selagine macapat wantah wae gurune isih grathul-grathul, Mula, ora sah kaget yen siswane uga ora pati ketarik. Yen ana lomba macapat, sing nganggo cengkok maneka Warna — malah sok guru kesenian, sing kon nglatih. Sajake, Surune basa Jawa, pong-pong bolong. Sangune bab macapat isih winates, Embuh, emoh ngudi, apa pancen kesed gawan bayi.
Ora ana bongkot pucuke, yen ngrasani wulangan macapat ing SMP, Nggoleki sing salah sapa, katone kabeh salah, uga kabeh bener. Sing baku, saiki kepriye bisane nenangi macapat sing kebacut ambruk keturon. Bab iki wigati, ujare ing jaman KBK (Kurikulum Berbasis Kompetensi), sing mlunjak tekan life skill lan CTL (contextual teaching learning) — macapat bisa
kanggo gacuk.
PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004___1095