Kaca:Paitan.pdf/115

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Nulis, Nembang, lan Kolaborasi Macapat
Dening: Suwardi Endraswara
FBS Universitas Negeri Yogyakarta

Wis Pecus lan Besus

Gawe tembang macapat pancen gampang. Guru-guru MGMP Kulon Progo, wis wasis lan besus. Ngono mau apa merga digawe ing ngomah apa piye, angel dingerteni. Jer pas gladhen wektune mepet, ora bisa sinau nulis langsung ing papan pelatihan. Jane, sing becik, nulis macapat ngono ya gladhen langsung, ngasah landheping rasa. Yen perlu, pandherek pelatihan dijak nginguk njaban kelas, plesir, wisata sastra — kambi nulis. Mesthi wae, asile bakal saya murakabi. Ora mung wujud "macapat kamar".

Aku ngerti, kanggone sing durung apal "guru-guru" ing macapat, sok angel yen kanthi "lepas stang". Mangka sing diangkah, nulis macapat ngono kudu "lepas stang", ora ngetungi guru wilangan kaya guru TK. Ora kaya ahli akuntasi, etang-etung, ning ngeng kudu dicekel. Ngeng, bakal nuntun tibane swara lan cacahing gatra. Kanthi ngono, nulis macmapat wis ngiras-ngirus sinau nyengkengake tembang. Ning pancen "wit gedhang awoh pakel, omong gampang nglakoni angel". Kudune rak "wit gedhang awoh kenthang", omong gampang nglakoni gampang. Ra ngono ta mandhoplang?

Bareng dakjingglengi, karyane para guru mau pancen wis akeh sing kempel imajinasine. Kreasine nggunakake tembung-tembung kang ngganda kuna (arkais) ya wis mumpuni. Najan siji loro ana sing isih kepontal-pontal mapanake tembung. Ning kabeh mau angger digladhi terus, apese seminggu sepisan nulis macapat, kiraku bakal saya alus pangrakiti. Lan meneh, kadang-kadangku guru SD lan SMP mau bisa maca kahanan. sing dadi tuke

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004____101