Kaca:Paitan.pdf/109

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3. Siswa iku wajib angajeni,
mring wong tuwa uga mring pra dwija,
mbangun turut parentahe,
pituture digugu,
aja mbadal lan kumawani,
iku tindak murang tata,
aja padha tiru,
nindakake dhawuhira,
andhap asor luhuring budi pakarti,
ngugemi tata krama.

4. Siswa iku yen kepengin wasis,
tansah maca buku piwulangan,
nggatekake yen diterangke,
nggugu dhawuhe guru,
nggarap PR tan nganti lali,
mbudidaya mrih bisa,
dadi bocah lugu,
ora keguh mring rubeda,
warna-warna TV lan uga VCD,
kabeh kudu tinggalna.

5. Siswa gadhangane rama ibu,
mula sira tansah dha elinga,
jejibahan lan wajibe,
datan kendhat sinau,
dadi siswa bisa linuwih,
ngudi dadi juwara,
ing sabarang ngelmu,
ngluhurke asma wong tuwa,
iku siswa kang bekti lan gelem ngerti,
pantes dadi tuladha,

PAITAN Antologi Macapat Bengkel Sastra Jawa 2004_____95